Kamis, 26 November 2009


GAZZA DELUT MANEH ULANG TAON

Wes rakroso dulur, umure gazza meh patang taon. Suk Januari. Jungker walek golong komeng konco2 sing ono "perkumpulan anak bangsa" (organisasine sing ngurusi radio gazza) , nggondeli cagak anten pamrihe ben gak roboh. Awan bengi paring panglipuran lan inpormasi marang sedulur tuwo anom lanang wadon.
Umur meh patang taon iku yo ora sedilut. Ono sing kondo ujian sing paleng abot kanggo takeran berhasil lan orane radio iku yen iso ngliwati telung (3) taon kawit soko ngadegke anten. Mulo masiyo akeh watu krikil watu padas sing nyampar nyandung, paling ora yen ngugemi iso ngliwati telung taon perjalanane radione dewe iki wajib disyukuri.
Mumpung iseh ono wektu, kiro-kiro opo yow seng perlu dianakno supoyo patang taon iki biso tambah roame tambah meriah. Monggo, wong yo iki radione wong samben (GAZZA=GASA;Generasi mudA SAmben) lan njabane samben utowo kabeh ae seng rumongso nduweni (GAZZA=GASA;PengGemar rAdio gaSA).
Kanggo penutup, ora lali muatur nuwun puol kanggo poro sedulur seng sak suwene iki ugo melu-melu rumongso handarbeni (merasa memiliki) koyo to: dulur2 JATITENGAH lek tuku atensi gebogan, mas Yanto Motor cs sing omahe digambari logo GAZZA, bu Sum, pak Mul, pak Pii, mbah Gito,ki Joko Bodo Kalirejo,wis to pokok-e kuabeh, lan urun rembug sembur suwug ojo waleh-waleh tak enteni, pamrihe radio gazza toambah guede, lan sing penting biso rumesep nang njerone atine dulur-dulur samben utowo nang endi ae gazza iso dimirengke.....nuwun